Welcome To Blog Pribadi


OBAHE RAHSO SAMPURNANE TAKDIR

Sabtu, 01 Oktober 2011

CUPLIKAN SULUK ANGGROGO SUKSMO

0 komentar
ANGGROGO SUKSMO 1 .wonten wong nepi gigisik | pitekur pinggir samudro | tan adarbe wujud roro | kang kaesti ing wardoyo | amung kang murbeng jagad | owele dereng katemu | lali dhahar lawan nendro 2 .den- pupu raina wengi | pamendenge lawan salat | tan kandeg puji dhikire | malah anggalih panggonan | pitekur wana sunya | lampahe kalangkung - langkung | kang pinandeng mung kang murbo 3 . lampahe wong kang linuweh | kang wonten ing wono sunyo | tungkul tan mangeng tingale | tan ono drigomo ketang | amung kang ngrekso badan | tan amandeng liyanipun | kang ketang amung kang murbo 4 . kang amurbo jagat iki | tanpo rupo tanpo sworo | kalbu ingnganken wismane | ulatono den waspodho | ojo ta ngroro tingal | den karekso iman maksum | anulako nepsu howo 5 . dadyo sinung tinggal aib | uningo surup ing pejah | kasembadan lan ngelmune | pan sampun angngrogo suksmo | sampun ngangken wiseso | amuji pribadinipun | datan pegat sanaliko. 6 . jiwa ragane tan keksi | wus sirno ngangken priyanggo | saking benture lakune | trawangan manahiro | bumi langit kadriyo | swargo naroko kawengku.